-->

Pengertian, Struktur, dan Contoh Teks Pidhato Bahasa Jawa

Pengertian, Struktur, dan Contoh Teks Pidhato

Pidhato (Sesorah)

Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan.

Tujuan pidhato

Pidhato nduweni tujuan yaiku:

  • Aweh ular-ularan/pangerten
  • Aweh panglipur
  • Aweh daya pangaribawa

Jenis-jenis pidhato

Jenis-jenis pidhato dibagi dadi 4, yaiku:

  • Pidhato persuasif: tujuane menehi pengaruh kang ngrungokake
  • Pidhato argumentasi: tujuane menehi keyakinan kang ngrungokake
  • Pidhato informatif: tujuane menehi pawarta
  • Pidhato deskriptif: tujuane nggambarake kahanan

Methode utawa carane pidhato

Pidhato nduweni tata cara sadurunge rampung ing dhuwur panggung. Carane pidhato yaiku:

  1. Metodhe naskah, yaiku pidhato kanthi maca naskah.
  2. Metodhe ekstemporan, yaiku pidhato kanthi ngapalake isine lan dikembangake utawa njlentrehake cengkorongan pidhato.
  3. Metodhe impromptu, yaiku pidhato kanthi spontan (tanpa persiyapan luwih dhisik).
  4. Metodhe ngapalake, yaiku pidhato kanthi ngapalake

Contoh pidhato bahasa jawa

Contoh teks pidhato akeh wujude berdasarkan thema kang ditentukan. Ing ngisor iki beberapa contoh teks pidhato dalam bahasa jawa.

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;…….

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :

“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Baca juga: Website Freelance Online 

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Kebersihan Lingkungan

Contoh pidato bahasa jawa karma kedua adalah tentang kebersihan lingkungan. Terutama lingkungan sekolah di mana yang sangat harus dipedulikan untuk mendukung proses belajar mengajar para guru dan siswa. Contoh berikut ini dapat kamu jadikan referensi sebagai contoh pidatonya.

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Baca juga: Kerjaan Freelance Online 

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Perpisahan

Berbicara tentang perpisahan sekolah, memang tak luput dengan upacara pelepasan murid. Dan luput juga kita harus menyiapkan pidato tentang perpisahan sekolah tersebut. 

Nah berikut ini adalah contoh pidato bahasa jawa tentang perpisahan sekolah, sobatrindu juga bisa mengganti kelasnya seperti untuk kelas VI (kelas 6), IX (kelas 9), atau XII (kelas 12).

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Baca juga: Pengertian dan Contoh Geguritan dalam Bahasa Jawa 

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Kesehatan

Berikut ini adalah contoh pidato bahasa jawa karma tentang menjaga kesehatan. Kesehatan juga termasuk  hal penting agar segala kegiatan yang ingin dilakukan tetap berjalan sesuai rencana. Contoh pidato berikut dapat kamu jadikan referensinya kawan.

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarrakatuh

          Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah. Saha Bapak lan Ibu guru. Para staff TU, para dwija, pangarsa ingkang kula urmati. Sesepuh lan pinisepuh ingkang kula urmati ugi. Saha adhik-adhik siswa SMP Negeri 1 Purbalingga ingkang kula tresnani lan kula banggaaken.

Namung sakderengipun, ingkang rumiyin sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti Allah SWT. Gusti ingkang Maha Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinaringaken kempal manunggal ing mriki wonten ing adicara “Wigatinipun Njagi Kasarasan Waja kagem Remaja” kanthi pinaringan kasarasan saha kawilujengan, Aamiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Kula selaku Ketua Pengurus Besar Persatuan Dokter Gigi Indonesia, kawula jumeneng ing mriki badhe ngaturaken pinten-pinten bab ingkang wonten gandheng cenengipun kalih wigatinipun njagikasarasan waja kagem remaja khususipun. Njagi kasarasan waja punika wigati sanget. Kenging napa? Amargi ndadosaken tiyang saged anggadaih ambakan ingkang seger, eseman ingkang sae ugi waja ingkang bersih lan putih. Mboten sekeca bilih wonten remaja ingkang anggadaih waja ingkang kuning, ugi ngantos sami tanggal. Lelabuhanipun tiyang sepah kaliyan guru kagem remaja inggih punika kagem motivator lan maringi informasi babagan ngrawat waja ingkang sae. Sedaya remaja putra lan putri piyambak ingkang mandegani kagem njagi lan ngrawat waja.

Setunggaling tiyang diwastani sehat menawi kagungan waja lan tutuk ingkang sehat. Amargi kagem waja ingkang mboten sehat saged ndamel penyakit sanesipun. Riskesdas 2007 nglaporaken 75% penduduk Indonesia nglampaih kenging karies waja.
Adhik-adhik ingkang kula tresnani,

Wonten pinten-pinten bab ingkang sederhana ingkang saged adhik-adhik lampaih piyambak kangge ngrawat waja. Ingkang utami sami nyikat waja kaping kalih sedinten. Nyikat waja ngagem odol ingkang ngandung flouride lan mboten ngandung deterjen. Kapan wekdal ingkang tepat kagem nyikat waja? Saksampune maem ingkang pokok lan ajeng mapan sare.

          Adhik-adhik ingkang kula tresnani,

Kula yakin adhik-adhik siswa SMP 1 Purbalingga mboten wonten ingkang ngrokok, aja nganti! Amargi ugi saged ngotorake waja lan saged ndamel kanker. Aja kaluwihen ngonsumsi anggur merah, panganan ingkang kathah gulanipun, panganan ingkang ngangge glepung, kopi lan teh. Amargi panganan lan nginuman niku ingkang adhik-adhik konsumsi kathah, saged ndamel risaking waja. Ngonsumsi buah lan sayur ingkang saged mbersihake waja, kaya apel, wortel, lan seledri. Jaganen kasarasan waja kita sedaya.

          Adhik-adhik, pisan malih kula tegasaken, aja nyepelekake babagan keresikan waja lan tutuk! Adhik-adhik supaya mriksakake waja ingkang rutin, saben enem wulan sepisan. Kasarasannipun waja iku wigati sanget. Aja dilalekake! Lewih apik nyegah daripada ngobati.
           Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula aturaken mugi-mugi sanget ndadosaken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih. Ing lebet badan ingkang saras enten jiwa ingkang kiyat.
 Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Narkoba

Sudah tak asing lagi bahwa penyuluhan tentang bahayanya Narkoba harus selalu digalakkan. Maka dari itu, contoh pidato dengan teks bahasa jawa berikut bisa kamu jadikan referensi untuk kamu dalam penyuluhan tentang bahaya narkoba tersebut.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Puji soho syukur monggo kita unjukaken  dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat lah hidayahipun kangge kita sedoyo, sehingga kita sedaya saget makempal wonten ing papan menika kanti kadaan sehat wal afiat. Solawat lan salam mugi katetepna dhumateng nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam dumateng para keluarga, sokhabat, lan sedoyo umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.

Bapak ibu lan kanco-konco ingkang kinurmatan

Wonten ing mriki kula bade matur  ingkang irah-irahan bahaya nipun  ngagem narkoba lan obat-obatan ingkang dipun larang, kito sedoyo sampun katah mirengaken pawartos, ningali pawartosTV, menawi sok sinteno ingkang ngginaaken narkoba bade kenging bahayanipun narkoba kolo wau antawisipun bade ngrisak badan, kesehatan bade ka ganggu, pikiran boten saget jejek lan sanesipun gangguan .

Narkoba minongko obat ingkang dipun larang, sak jatosipun baten kapareng dipun sade kanti bebas, awit tumrap sok sinteno ingkang ngagem lan ngginakaken ateges piyambakipun sampun nglanggar paugeman lan saget dipun paring pidono. Awit meniko kulo ngajak monggo kito tebibi obat-obat terlarang meniko ampun ngantos kito cedak-cedak lan ngagem ingkang meniko ateges sampun kumowanton nglanggar aturan saking pamarentah.
Ciri-ciri tiang ingkang remen mengonsumsi narkoba inggih meniko :

1. Tiang ingkang remen menyendiri mboten remen menawi kempal tiyang katah.

2. Tiyang ingkang remen wonten kamar tertutup kanti nyetel music ingkang keras

3. Tiyang ingkang remen tongkrongan wonten pinggir mergi

4. Tiyang ingkang ngelompok wonten panggenan ingkang sepi.

5. Tiyang ingkang remen ngrokok inggih condong dumateng minum minuman keras lan narkoba.

Awit meniko kulo ngajak dumateng sedoyo rencang menawi manggihi sederek ingkang nggadahi ciri kadaos wonten ing nginggil kito kedah wicaksono, lan ampun ngantos kito ketularan dumateng tiyang ingkang nggadahi karemenan minum narkoba kolo wau.
Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tinjau saking kesehatan, sangat ngrugekaken dumateng badan kito, awit tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba meniko gampil kenging penyakit-penyakit, antawisipun gagal ginjal, jantung lan paru, sahinggo badan mboten sehat, lan inggakang paling bahaya inggih kawontenan pikiran mboten saget dikendalikan kanti sae, remen ngomong ingkang ngelantur, tindak tanduk kurang sopan lan sak penunggalipun, tiyang ingkang remen minum narkoba gadah kecenderungan ugal-ugalan lan kirang hormat dumateng tiyang sepuh lan sakkaminipun.

Tiyang mabuk mekaten mboten saged dipun control kesadaranipun, sak kepaenaipun piyambak lan sopan santun ingkang kirang, lan gadah kebiasaan ingkah rumaos paling hebat, naming sakjatosipun tansah ribet lan gampil sakit.

Awit menika kula ngajak dhumateng para warga masyarakat aja sepisan-pisano ngginaken narkoba lan obat-obatan ingkang dipun larang lan kita ginaaken wekdal kanthi sae lan diginaaken kangge hal-hal ingkang positif inggih punika : maca buku, olahraga sepak bola, olah raga bulu batminthon lan sakpanunggalane..

Bapak ibu lan kanco-konco ingkang kula hormati
Kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken lan sebataken wonten ngajeng kolo wau, kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang. Mugi-mugi sesorahan wonten ing dinten menika  migunani dhumateng kita sedoyo lan andhadosna kita tiang ingkang becek. Ana kupat lawuhe santen menawi wonten lepat kula nyuwon pangapunten..

Bilahitaufiq walhidayah

Wassalamuallaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Baca juga: Contoh Teks Drama Tradhisional Bahasa Jawa 

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Kemerdekaan

Di setiap acara peringatan kemerdekaan Indonesia yang jatuh pada tanggal 17 Agustus di setiap tahunnya. Kita selalu mengadakan upacara bendera sebagai bentuk peringatan, tak lepas pula pidato tentang kemerdekaan yang tujuannya untuk mengingat kembali perjuangan para pahlawan yang telah berjasa atas kemerdekaan negara Indonesia ini.

Contoh pidato bahasa jawa krama berikut ini bisa dijadikan referensi untuk bahan pidato para guru ataupun kepala sekolah.

Assalamuallaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW 01. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Budi Pekerti

Contoh pidato bahasa jawa krama terakhir adalah tentang Budi Pekerti. Budi pekerti atau biasa kita kenal dengan akhlak yang baik adalah salah satu hal yang harus kita junjung tinggi di samping pendidikan yang sedang kita kejar. Karena Ilmu  tanpa adanya budi pekerti yang baik seperti sayur tanpa garam.

Baca juga: Cara Meningkatkan Konsentrasi

Nah, berikut ini adalah contoh pidato tentang budi pekerti yang tujuannya untuk mengajak para siswa dan para pendengar pidato untuk bisa membiasakan diri dengan budi pekerti yang baik.

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh,

Sederenge kulo matur, monggo kito sami munjuk raos syukur wonten ngarsanipun Allah murbo ing dumadi. Wondene ing wekdal meniko kito tasih saged ngraosaken endahing iman soho Islam. Kaping kalihipun sholawat soho salam mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito nabi Muhammad solallohu ‘alaihi wassalam ingkang sampun nedahaken kito margi ingkang leres.

Bapak / Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kinurmatan,

Kulo bingah sanget wonten wekdal meniko, amargi kito sami saged ngangsu kawruh babagan budi pekerti ingkang luhur. Agami Islam mrehatosaken sanget babagan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng nabi Muhammad solallohu ‘alaihi wasalam kautus wonten ing alam dunyo supados nyempurnaaken budi pekerti. Kasebat woten ing kitab suci Alqur’an; Wainnaka la’alaa khuluqin adziim. Ingkang artosipun mekaten: saktemene jeroning tindak tanduk rosululoh niku wonten budi pekerti ingkang luhur. Ugi dipun jelasaken wonten ing sabdanipun Rasululloh sollohu ‘alaihi wassalam ingkang suraosipun; Innama buistu liutammima makarimal akhlaq. Artosipun kirang langkung, saktemene ingsun dipun utus kagem nyempurnaaken budi pekerti.

Dados sampun cetha wela-wela, bilih tiyang islam kedah nggadahi budi pekerti ingkang luhur. Budi pekerti ingkang luhur inggih meniko sedoyo tindak tanduk ingkang sae, ingkang natrapi paugeranipun agami islam.

Salah satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih meniko kito kedah nggadahi andap asor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpaminipun unggah-ungguh murid kaliyan Bapak soho Ibu guru. Ugi unggah ungguh dumateng tiyang sepuh kekalih, poro tonggo, lan sedoyo tiyang sanes.

Mboten kesupen kaliyan poro mitro soho konco. Menawi kito saged mbiasakaken budi pekerti ingkang luhur wonten sedoyo papan soho panggenan, kito saged gesang guyup rukun toto tentrem karto raharjo.
Bapak / Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kulo tresnani,

Kulo kinten atur kulo cekap semanten. Mbok bilih wonten atur kulo ingkang mboten mranani wonten penggalihipun panjenengan sami, kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh.

Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>